SeputarPati.Com- Ing wewengkon
tanah Jawa isih akeh peninggalan wangunan-wangunan kuna, kalebu makam, kayata
makam/sareyan kuna ing desa Kebolampang Kecamatan Winong Kabupaten Pati Jateng.
Manggone ing tengah-tengah sawah ana sangisore wit serut kinupeng pager
saka kayu kang rapi sing diopeni kanthi apik.
Ing komplek makam kuna, wujude bangunan
isih arupa bata kang ditata rapi, ing papan kuwi ana makam 3 cacahe yaiku
makame mbah Yasin, makame mbah Fatimah lan makame mbah Maimunah. Dene dawane
saben makam 4 meter sarta lebare 2,5 meter.
Makam
kuna kang manggon ana tengahe sawah kuwi, kanggone warga masyarakat
sakiwa-tengene uga kanggo pundhen, amerga sakehing wong padha percaya manawa,
makam kasebut akeh sing ngarani/jenengake pasareyane mbah Yasin, dene
masyarakat ngarani makam mboto sing nganthi saiki isih ngemu misteri.
Makam
Mboto jebul dhuweni crita kang ana gegandhengan karo cikal bakal desa
Kebolampang. Miturut cerita kang ditampa penulis saka Kepala Desa Hevie Agus
Budihartono, mratelakae, sadurunge ing wewengkon kene sing saiki sinebut desa
Kebolampang, nalika biyen ana salah sijine ulama gedhe sing kagolong kondhang
kang aran mbah Yasin.
Mbah
Yasin yaiku keturunane saka Maulana Ahmad Rohmatullah utawa luwih dikenal sunan
Ampel. Sunan Ampel dhuwe putra Maulana Makdum Ibrahim sing dikenal minangka
sunan Bonang, sateruse sunan Bonang nurunake putra sing jenenge Syekh Brojo.
Dene Syekh Brojo duwe anak yaiku Yasin.
Kepala Desa Kebolampang Hevie Agus Budihartono,
nambahake, miturut critane saka sesepuh lan saka mbah buyute, ngandhake, Kyai
kang dikenal kanthi asma Mbah Yasin banjur mapan ing desa Kebolampang, mbah
Yasin kang sugih ilmu kasil narik kawigatene warga lan akeh para murid utawa
santri sing ngangsu kawruh ing babagan Agama Islam lan kanuragan.”Mbah Yasin
banjur seda lan kasareake ing desa Kebolampang kanthi sareyane diwangun
ngganggo bata, mula saka kuwi papan pasareyane mbah Yasin nganthi seprene
dikenal kanthi sebutan makam Mboto,” critane Kades Hevie. (Didik.A)
Tags
Sejarah