Watu Tumpuk ing Desa Sirahan Isih Misteri

SeputarPati.Com-Watu tumpuk sing blegere gedhe ameh nganthi saomah, iki dumunung ing saduwuru gumuk , mapan ana Desa Sirahan Kecamatan Cluwak Kabupaten Pati Jawa Tengah. Tekan saiki tetep narik kawigaten luwih-luwih tumprape wisatawan.

Papan ing sakiwa-tengene watu tumpuk pancen asri swasanane alam, sing katon nyenengake hawane seger, akeh wit-witan ijo royo-royo mujudake papan sing pas kanggo nglipur ati.Tekan lokasi watu tumpuk sing papane cukup dhuwur, sesawungan alam pegunungan katon endah saengga bisa ngilangke rasa kesel.

Crita bab watu tumpuk pranyatane pancen ora uwal saka asal usule Desa Sirahan. Miturut keterangan kepala desa Sirahan  M. Sutiyono mratelake, nalika biyen kepala desa  dijabat dening Pak Sareman  dikenal minangka pemenang sayembara sing kasil mbongkar watu gede sing gedhene saomah, amerga watu kasebut ngalangi/ngadangi proyek pembangunan irigai sing dipandegani/ dileksanake  dening pemerintah walanda arep dibangun saluran irigasi nganthi tekan wewengkon kecamatan Tayu. Karepe bendungan (sambong) sing wis ana arep dialehke ing lokasi sing luwih dhuwur, sadurunge ana bendungan sing mapan ing sisih kidul desa Sirahan. Uga wis ana bendungan ing lokasi sisih lor watu tumpuk yaiku bendungan karang nangka.

“Kanthi tekat sing kuwat lan mung mangan woh  pace, Pak Sareman kasil mecah watu kasebut, yen manut crita sadurunge watu-watu mau ora mempan dipecah nganggo dinamit, dening olehe Pak Sareman bisa kasil, wusanane watune banjur disingkirake lan bendungan uga bisa ngaleh ing lokasi luwih dhuwur, saenggae kali kasebut dijenengake “Kali Konrtrak “ sing asale saka “Konrak” karo Walanda lan pemenange nampa hadiah arupa pitung turunan bebas ora mbayar pajak,” ngendhikane M.Sutiyono

Isih manut keterangane Sutiyono, crita ngenani bebas pajak iku ana 2 versi yaiku ana sing ngandhake sing entuk hadiah bebas pajak mung keturunane Mbah Sareman, nanging ana sing kandha yen bebas pajak kuwi  uga berlaku kanggo masyarakat Desa Sirahan.”Sabanjure amerga surat penjanjian ilang jalaran kobong, manut critane yen surat kasebut pancen sengaja diobong karo pihak-pihak tinamtu supaya peraturan bebas pajak ora berlaku maneh,”critane Kades Sirahan M.Sutiyono

Tekan saiki jeneng watu tumpuk tetep isih gedhe wujude, ana ing wewangunan iku saliyane watu tumpuk, uga ing sakiwa tengene watu sebagian katon watu-watu gedhe kanti tersusun rapi, apa maneh bagian ngisor bentuk e mirip kaya papan mulo gampang diarani watu gebyok.”Anane watu tumpuk ing desa Sirahan dianggap keramat lan uga isih wingit amerga minangka awal sejarah dumadine saluran irigasi,”tuture Sutiyono (Red)

 

 

 

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Formulir Kontak