Asal Usule Desa Sirahan

M.Sutiyono, Kepala Desa Sirahan 

SeputarPati.Com-ing wewengkon tanah Jawa pancen isih akeh tinemu  asal usul utawa sejarah sawijining Desa, salah sijine yaiku ing Desa Sirahan Kecamatan Cluwak Kabupaten Pati Jawa Tengah, sing dumunung ing wewengkon wates Kabupaten Pati – Jepara.

Crita bab asal asul ngenani Desa Sirahan ora bisa uwal saka crita Joyodrono sing diperjaya jalaran nyolong pusakane Ki Jiwonolo, anane crita iki wis mbalung sumsum  sarta sumebar ing wewengkon kabupaten pati.

Manut critane  Kepala Desa Sirahan M.Sutiyono nalika ditakoni bab sejarah ngenani asal usul Desa Sirahan nyritakake, miturut crita saka mbah-mbah biyen , nalika Pati isih dadi Kadipaten, sawijining dina ana punggawa yaiku Ki Jiwonolo diutus dening Adipati, anggone babat alas ing wewengkon Tayu nganthi arah tekan kulon, amerga jrone babat alas pancen cukup suwe saengga Ki Jiwonolo krasa kesel banjur keturon ing tlatah kono. “Ora kanyana-nyana sawinijne muride Ki Jiwonolo sing jenenge Joyodrono dumadagan nyolong pusakane Ki Jiwonolo amerga konangan banjur dumadi tukaran/perang tanding,”jlentrehe

Wusanane Joyodrono kalah lan nganthi protol gulune sirahi pisah saka awake, nanging pranyatane isih urip amerga dhuweni ilmu ajian pancasona wektu sirahe tugel Joyodrono isih kober mlayu-mlayu goleki sirahe, dibyantu pengikute/muride Ki Jiwonlo sing setya tenan, sirahe Joyodrono dibuwak arah mengulon. 

M,Sutiyono nambahake crita, miturut Mbah Sariman (Petinggi) Kepala Desa era tahun 1950- 1970 an  saka kadedean kasebut  ana 2 Desa ing wewengkon sisih wetan, anane wong sing ditugel sirahe nanging isih mlayu-mlayu  luru sirahe utawa “Clula-clulu mung kari awak e, mula ing papan kono di jenengake kanthi aran Cluwak

Sakteruse dijenengake Cluwak iku, kawiwiti jeneng sawijine dhukuh ing wewengkon Desa Karangsari. Sanajan sirahe wis tugel ucul saka awake nanging Joyodrono ora bisa mati, amerga para muride/pengikute Ki Jiwonolo sing seyta ngancani banjur manungsa tanpa sirah kasebut diobong. Dhene panggonan kanggo ngobong kasebut yaiku punden Ngobar, dhene papan/panggonan sing kanggo buwak sirahe Joyodrono dijenangake Sirahan.

Dhene panggonan ing sisih wetan kuburan, sirahe sengaja dituncepake ing tombak lan digawe tontonan ing pinggir dalan kang dhuwe tujuwan kanggo menehi peringatan marang sapa wae, ojo sembrono anggone tumindak olo apamaneh nyolong sing gawe kapitunan mengkone bakal nasibe padha sing dialami Joyodrono.

Saliyane anggone babat alas ing wewengkon Tayu diganggu Joyodrono ,manut critane Ki Jiwonolo uga diganggu dening Ki Gede Tayu amerga ara seneng tekane Ki Jiwonlo ing Tayu. Nanging kabeh alangan sing ngganggu mau bisa dikalahke. Nganthi saiki jeneng Ki Jiwonolo dienggo jeneng ing sawijine dalan sarta jenenge Desa, yaiku desa Juwanalan kalebu kelurahan Pati Kidul kecamatan Pati. (Red)

 

 

 

 

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Formulir Kontak