Ziarah Menyang Makame Pangeran Teposono Ing Desa Tambah Agung


SeputarPati.Com-Ing desa Tambah Agung Kecamatan Tambakromo Kabupaten Pati Jateng, ana sawenehe petilasan kang uga sinebut pundhen utawa makam Pangeran Teposono ( Mbah Selamet). Makam kuwi rada mencil mapan ana ing tengah sawah, sanajan katon wingit nanging sakupenge patilasan katon resik.

Durung suwe iki penulis, mecaki dalan tumuju makam Pangeran Teposono malah kaminujon ketemu karo sawijine perangkat desa Tambah Agung Sugiyanto banjur entuk keterangan sing gumathok ngenani makam Pangeran Teposono. Nanging penulis diprayogakake yen kepingin luwih mangerteni babagan makam kasebut amrih  ketemu karo Bapak Rinduan Aziz minangka sesepuh kang uga Kyai misuwur sing daleme ana desa Mojomulyo.

Miturut katerangane KRT. K.M  Rinduan Aziz Pujonogoro (57) marang penulis mratelakake, Pangeran Teposono sawijining priyayi saka Mataram putrane Panembahan Senopati, dhene urut-urutane  silsilah saka Brawijaya V nurunake putra R.M.Bondan Kejawen nawangsih, peputra Ki Ageng Getas Pendawa, nurunake  Ki Ageng Selo sabanjure peputra Ki Ageng Henis, peputra Ki Ageng Pemanahan saka Ki Ageng Pemanahan nurunake Panembahan Senopati sabanjure peputra Pangeran Teposono (Mbah Selamet).

Nalika jaman kerajaan Mataram, Panembahan Senopati nugasake marang putrane Pangeran Teposono, kanggo dadi telik sandi ing wewengkon Kadipaten Pati sisih lor Jawa amerga jaman semono kuwi Pati karo mataram rada kisruh. Ing jrone mlakune tumuju Kadipaten Pati Pangeran Teposono dumadagan dikepung dening mungsuh, saengga dheweke ngupakara nyelametake awake saka kepungan mungsuh.

Sabanjure Pangeran Teposono nggolek papan singidan sinambi nggawa tongkat ing panggonan sing rinasa sepi..”Wusanane dheweke bisa selamet uwal saka pangubere  para mungsuh, mula banjur saka prastawa kasebut dijenengake Mbah Selamet lan panggonan sing kanggo umpetan  nalika dikepung mungsuh dijenengake dhukuh Kluwung nganthi seprene kang ana ing desa Tambah Agung,” critane KRT.K.M. Rinduan Aziz Pujonogoro kang uga Pimpinan Ponpes Darul Muqoddas kasebut.

Amerga Pangeran Teposono bisa ngleksanake tugase, saka Panembahan Senopati didhadeke pimpinan perang, sawise banjur ditawani jabatan nanging dheweke milih ngumbara, lelana sinambi nggiyarake/siar Agama Islam, kanggo kamulyane umat manungsa. Pungkasane Pangeran Teposono utawa mbah Selamet netep ing wewengkon dhusun Kluwung 

Ing Makame Pangeran tepososo isih katon prasaja banget, ana sacedhake makam kasebut uga diwangun omah-omahan nyepake kanggo para peziarah lan ing njerone wis dicepakake klasa wis gelaran ditata urut tembok. (Didik.A)


Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Formulir Kontak