Sanajan Modale Kurang, Perajin Keripik Tempe Tetep Kukuh.



SeputarPati.Com- Tekane Covid-19 wiwit sasi Maret kepungkur, katon ngambra-ngmbra tekan ngendi-endi ,njalari ekonomine masyarakat melu kena dampak’e. ora sethitik usaha cilik sing mandheg, melu sambat merga  pageblug.

Bu Sri lan Pak Gimin, Salah sijine perajin keripik tempe lan kacang, ing Dhukuh Setulan Desa Sidoarjo Kecamatan Pati Kabupaten Pati Jawa Tengah. Sanajan omset penjualane mudun lan modal usahane kurang nanging  tetep kukuh.



Nalika ditakoni penulis, Bu Sri, mratelakake, mbukak usaha keripik tempe wiwit taun 1997, nalika ngayahi usaha wis warek ngrasake pait getire urip. Sanajan keterak pageblug corona, usahane tetep ditekuni kanthi semangat bisa kanggo cagak urip.

“Ngenani masalah pemasaran rada sudha ora kaya biasane, pemasarane mung ing wewengkon Pati antara liya, Margoyoso, Runting, Ronggowongso lan sakiwa-tengene. dhene  para bakul-bakul sing wis  langganan teka njupuk dhewe,” kandhane Bu Sri sinambi ngirisi tempe.

Bu Sri nambahake, usaha iki kalebu industri keluarga amerga pekerjane isih mambu sedulur, dhene pekerje liyane saka tangga sakiwa-tengen, amerga pandemi covid karyawane sudha
Sabendhina bisa nyandak bahan bakune tempe 80 lonjor/iji lan kacang mung 10 kg.

“ Dhene regane yen wis mateng keripik tempe sa-bungkus regane, Rp.5000,- yen keripik kacang sa-bungkus regane uga Rp.5000,-. ngenani bab adol keripik ora kwatir,  naging sing dadi masalah yaiku modal, aku ngajab supaya pemerintah bisa ninjau usaha produksi keripik lan menehi bantuan kanggo tambah modal usaha,” kandhane. (Red/Dik) 

  

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama

Formulir Kontak